Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts

Friday, September 18, 2020

Tembang Macapat 2

Mbedakake Jinis Teks Tembang Macapat

Mbedakake jinise tembang macapat, kanthi cara njingglengi pathokan panulisane sing dumadi saka guru gatra lan guru wilangan, utawa sasmita, lan watake tembang macapat. Saben jinis tembang macapat nduweni pathokan, watak, lan sasmita dhewe-dhewe.

Watak lan Sasmitane tembang Macapat

Titikane tembang Macapat


Gatekna Tembang Macapat ing ngisor iki!

Aja nganti kebanjur,

Sabarang polah kang nora jujur,

Yen kebanjur sayekti kojur tan

becik,

Becik ngupayaa iku,

Pitutur ingkang sayektos.

Tembang macapat ing dhuwur titikane nduweni guru lagu lan guru wilangan:

Aja nganti kebanjur, (7u)

Sabarang polah kang nora jujur, (10u)

Yen kebanjur sayekti kojur tan becik, (12i)

Becik ngupayaa iku, (8u)

Pitutur ingkang sayektos. (8o)

Saka titikan mau, iso diarani jinise tembang Macapat, yaiku tembang Gambuh

Titikane Tembang Gambuh duweni guru lagu lan guru wilangan 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

Tuladha:

Tinakdir ing alam donya, (8a)

Tinitah ikhtiyar angulir budi, (11i)

Lakune angudi ilmu, (8u)

Netepi tatakrama, (7a)

Samangsane manjing ing tataning srawung, (12u)

Dimen gesang bagya mulya, (8a)

Menep lahir uga batin. (8i)

Tembang macapat ing dhuwur duweni guru gatra cacahe 7, duweni guru lagu lan guru wilangan 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

Adedhasar titikan mau, tembang Macapat ing dhuwur kalebu jinise tembang Pangkur

Latihan Soal


Friday, September 11, 2020

Tembang Macapat PB2

Titikane Tembang Macapat

Titikane tembang macapat kuwi manggon ana ing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra kuwi cacahe larik saben sapada. Guru wilangan kuwi cacahe wanda saben sagatra. Guru lagu kuwi tibane swara ing pungkasaning gatra.

Ing ngisor iki carane nggoleki titikane tembang:
a) Guru gatra digoleki kanthi ngetung pira cacahe larik saben pada utawa bait.
b) Guru wilangan digoleki kanthi ngetung pira cacahe wanda utawa suku kata.
c) Guru lagu digoleki lumantar swara utawa vokal ing pungkasaning pada (bait).

Tuladha:

Negriku Indonesia, (1)
Nut jaman kapungkur tetep nyawiji, (2)
Nunggal ingkang den ginayuh, (3)
Karaharjaning bangsa, (4)
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur, (5)
Murah sandhang lawan pangan, (6)
Karukunan kang jinagi. (7)

Tembang Pangkur ing dhuwur duweni guru gatra 7 (7 baris)
Tembung Ne-gri-ku - In-do-ne-si-a duweni guru wilangan 8 (8 suku kata)
Tembung Negriku Indonesia duweni guru lagu a (huruf vokal terakhir)
Dadine, tembung Negriku Indonesia duweni guru lagu lan guru wilangan 8a

Latihan Soal

Friday, September 4, 2020

TEKS TEMBANG MACAPAT

 Teks 1: Pangkur


Negriku Indonesia,

Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,

Nunggal ingkang den ginayuh,

Karaharjaning bangsa,

Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,

Murah sandhang lawan pangan,

Karukunan kang jinagi.

Lelandhesan Pancasila,

Ya Bhineka Tunggal Ika puniki,

Nyata kaesti satuhu,

Pranataning agama,

Seni, sastra lan budaya adiluhung,

Dadi jatidhiri bangsa,

Indonesiaku yekti.



Katrangan ing ngisor iki wacanen lan setitekna!
Tembang macapat mujudake salah sijine jinis lagu dhaerah utawa tradhisional Jawa. Jenise tembang macapat kuwi ana 11, yaiku: 
1. Mijil, 
2. Kinanthi, 
3. Pucung, 
4. Sinom, 
5. Pangkur, 
6. Asmaradana,
7. Dhandhanggula, 
8. Durma, 
9. Gambuh,
10. Maskumambang, dan 
11. Megatruh.
Saben tembang macapat nduweni watak, sasmita, lan titikan utawa pathokan dhewe-dhewe. Ing ngisor iki diandharake titikan, watak, lan sasmitaning tembang macapat.

Watak lan sasmitane tembang macapat 
Watake tembang macapat kuwi gegambaran ngenani cakriking tembang, sing kamot sajerone tembang mau. Carane meruhi wewatakane tembang mau, kanthi ndeleng isine tembang. Tuladhane, yen watake sereng, tegese isine tembang arupa pitutur tegas sing kudu digugu. Sasmitane tembang kuwi tembung tartamtu sajeroning tembang, sing bisa nuduhake jinise tembang. Carane kanthi ndeleng salah siji tetembungan ing jerone tembang.



Tugas
Tulis tabel watak, sasmita, lan titikan utawa pathokan tembung macapat ing dhuwur!



Thursday, August 6, 2020

Bahasa Jawa Teks Informasi Pb 3

Nyusun Teks Informasi


Nyusun teks informasi sing paling penting kudu ngerti ciri khase lan jinise teks. Carane nyusun teks informasi:

1. Teks pawarta
Teks pawarta kuwi sing diandharake kudu nggunakake pedhoman ngenani: apa, sapa, kapan, nyapa (kena apa), nang endi, kepriye.

2. Teks persuasi
Temtokna data/fakta/fenomena sing arep kokgunakake minangka dhasar kanggo narik kawigaten lan mangaribawani utawa ngajak.
Data/fakta/fenomena sing narik kawigaten yaiku data/fakta/fenomena sing rupa sebab akibat sing bisa migunani utawa ngrugekake tumrap pribadi-pribadi, masyarakat, bangsa, lan negara, malah bisa uga tumrap donya saisine. Nulis jenis teks persuasi sing paling wigati kudu kanthi basa kang gampang
dingerteni dening pamaca kabeh.

Nyritakake Isine Teks Informasi

Nyritakake isine teks persuasi, kuwi tegese nyritakake isine teks nganggo basane dhewe-dhewe.
Paragrap-paragrap kudu bisa dirunut ukara intine. Ing paragrap, ukara inti bisa ing wiwitan paragrap, pungkasan paragrap utawa bisa dirunut ing saben ukara kanthi goleki tembung kunci sing ngubungake ukara karo ukara sateruse ing paragrap.

Latihan Soal

Thursday, July 23, 2020

Bahasa Jawa Teks Informasi Pb 2

Bahasa Jawa Teks Informasi Pb 2

Kompetensi Dasar
3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks informasi yang diperoleh dari berbagai media berbahasa daerah secara lisan/tertulis.
4.1 Menyampaikan dan menanggapi informasi yang diperoleh dari berbagai media berbahasa daerah secara lisan/tertulis.

Indikator
3.1.2 Menjelaskan ciri-ciri teks informasi.
4.1.2 Menceritakan kembali isi teks informasi yang telah dibaca dengan bahasa lisan.

Ngidhentifikasi Titikane Teks Informasi
Saben jinis teks informasi nduweni ciri-ciri utawa titikan mligi. Bisa katitik saka informasi sing diandharake uga bisa saka basa kang digunakake.
Titikane teks Informasi:

Teks pawarta
1. Ngandharake fakta
2. Kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik
3. Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat.
Tuladhane kaya teks ”Banjir Bandhang lan Longsor Trenggalek”

Teks Persuasi
Teks persuasif yaiku karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca. Wujud gancaran, isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake, nawakake.

Sesanti/ Slogan
Slogan isine ngajak lan ngelingake.
Tuladhane slogan, kayata: visi misi sekolah, visi misi instansi/perusahaan, partai politik, lan sapanunggalane. 

Pariwara/Iklan
Iklan kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake. Iklan, tuladhane kaya: iklan sabun, iklan handpone, iklan panganan, lan sapanunggalane




Gladhen Ngidhentifikasi Titikane Teks Informasi


Friday, July 17, 2020

Bahasa Jawa Teks Informasi

BAHASA JAWA
Teks Informasi

KD 3.1 Mengenal,  memahami, dan mengidentifikasi teks informasi yang  diperoleh  dari  berbagai  media  berbahasa  daerah secara lisan/tertulis.

KD 4.1 Menyampaikan  dan  menanggapi  informasi  yang  diperoleh dari berbagai media berbahasa daerah secara lisan/tertulis.

Teks bisa wujud lisan bisa uga wujud tulisan utawa gambar.  Tujuan panulise teks nginformasekake apa bae. Teks informasi bisa wujud teks narasi faktual, teks dheskripsi, lan teks persuasi.  

Teks  narasi  faktual  tuladhane  teks  pawarta,  pengalaman pribadi,  lan  profil  tokoh.  Teks  dheskripsi  yaiku  teks  kang ngandharake  samubarang    apa  anane,  bisa  lelakon,  barang,  lan bisa  apa  bae  sing  dadi  lesan  (sesuatu,  keadaan,  tempat,  barang, orang).  Dene  teks  persuasi  isi  lan  andharane  ngajak-ajak,  narik kawigatene liyan, ngyakinane, lan ndayani.

Teks  narasi  faktual  lan  teks  dheskripsi  wis  nate  disinaoni sadurunge  kelas  enem.  Teks  informasi  sing  bakal  disinaoni  ing pamulangan iki mligi ngenani teks pawarta lan persuasi, slogan, lan iklan. Bocah-bocah, ayo bebarengan maca teks ing ngisor iki kanthi titi!

Teks 1: Pawarta 
Banjir Bandhang lan Longsor Trenggalek 
 

Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah  longsor  lan  banjir  bandhang.  Lemah  longsor  lan  banjir bandhang  nrajang  telung  kecamatan  ing  kabupaten  Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.  

Prahara  banjir  bandhang  lan  tanah  longsor  mau  kelakon  ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB, sawise udan deres meh sedina sewengi ora leren. Prahara lemah longsor kang nggawa korban jiwa 1 asal desa Senden Kecamatan Kampak,  lagi surut lan bisa ditangani ing ing dina Rabu, 17 Agusutus 2016.  

Prahara  banjir  bandhang  medhotake  kreteg  ing  dalan  sing ngubungake kecamatan Kampak-Munjungan lan Kampak-Gandusari uga  ngrendhem  ewonan  omah.  Pedhote  kreteg  mau  nyebabake bantuan  kanggo  korban  prahara  banjir  bandhang  sing  diliwatake BPBD ora bisa dikirim kanthi lancar.

Teks 2: Persuasi 
 
Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan 
 
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal  bisa  urip  tanpa  banyu.  Banyu  sing  dibutuhake,  banyu  sing resik.  Banyu  kang  bebas polusi.  Nyatane  ing  jaman  saiki  angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit - witan sing nandhon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.  

Banyu  kali  kang  kebak  uwuh  lan  limbah  mili  menyang segara,  mulane  segara  dadi  reged  (tercemar).  Supaya  ora kekurangan  banyu  resik  ayo  padha  ngopeni  sumber  banyu  kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.



T.4 SUBTEMA 1 PB 6

 BAHASA INDONESIA 3.2 Menggali isi teks penjelasan (eksplanasi) ilmiah yang didengar dan dibaca. PPKN 3.3 Menelaah keberagaman sosial, buday...