1. Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok lan ajeg panganggone sarta nduweni teges wantah.
Tuladha:
a. Arebutan balung tanpa sunsum = padudon sing disebabake barang sepele.
b. Kenes ora ethes = wong wadon sing sugih omong/ umuk nanging ora bisa mrantasi gawe.
c. Yitna yuwana lena kena = sing ngati-ati bakal slamet suwalike sing sembrana bakal cilaka.
2. Bebasan yaiku unen-unen sing ajeg panganggone lan nduweni teges entar kang ngemu surasa ngambarake tindak-tanduke manungsa.
Tuladha:
a. Kerot ora nduwe untu = darbe panjangka nanging ora nduwe sarana.
b. Nabok nyilih tangan = namakake panggawe ala sarana nggunakake tenagane wong liya.
c. Ngubak-ubak banyu bening = gawe rerusuh ing panggonan kang wus tentrem.
3. Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone kang ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindhakake kuwi uwonge.
Tuladha:
a. Belo melu seton = anut grubyuk sanajan ora ngerti dhodok selehe.
b. Kemladeyan ngajak sempal = sedulur ngajak marang kerusakan.
c. Tengu ngedu gajah = wong cilik ngedu wong gedhe.
Bebarengan mbedakake paribasan, bebasan, lan saloka.
No comments:
Post a Comment